Ngilmu Kyai Petruk
Kuncung ireng pancal putih
Swarga during weruh
Neraka during wanuh
Mung donya sing ku weruh
Uripku ojo duwe mungsuh
Ribang bumi ribang nyawa
Ana beja na cilaka
Ana urip ana mati
Precil mijet wohing ranti
Seneng mesthi susah
Susah mesthi seneng
Aja seneng nek duwe
Ja susah nek ra duwe
Senenge saklentheng
susahe sarendheng
Susah jebule seneng
Seneng jebule susah
Chorus
Ki Daruna Ni Daruni
Wis iya aku bali menyang Giri
Aku iki Kyai Petruk ratuning Merapi
Lho ratu kok kadi pak tani?
Sugih rung karuan se-neng
Mlarat rung karuan su-sah
Seneng ra iso disawang
Bisane mung dirasakke dhewe
Eh..Kapiran eh..kapirun eh..
sapi ora nuntun
Urip aja mung nenuwun
Yen sapimu masuk angin tambanana
Jamune ulekan lombok, bawang
Uyah, kecap
Njur Wetenge wedhakana ki parutan jahe
Urip kudu nyambut gawe
Jo sak penakke dhewe
Kabeh ono aturane
Chorus
Ki Daruna Ni Daruni
Wis iya aku bali menyang Giri
Aku iki Kyai Petruk ratuning Merapi
Lho ratu kok kadi pak tani?
Pipi padha pipi
Bokong padha bokong
Pipi ngempong bokong
ki dhapur sampurnaning wong
Yen ngelak ngombea
Yen ngelih mangana
Yen kesel ngasoa
Yen ngantuk turua
Ondhe2 jemblem bakwan
Urip ki padha wong jajan
Kabeh ora bisa dipangan
Mula elingana dhandhangulane jajan
Chorus
Ki Daruna Ni Daruni
Wis iya aku bali menyang Giri
Aku iki Kyai Petruk ratuning Merapi
Lho ratu kok kadi pak tani?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar